Sejarah Desa

ROHMAD WIDODO 30 April 2014 17:20:39 WIB

NGAWIS  GUMBREGAH

“Ajining manungsa iku gumantung ana ing tanggung jawabe marang kewajibane”.                      (Mbah Marijan 2010 )

 

Sumiliring angin kang katiup ing sela selaning pucuk wit witan,  swara manuk oceh-ocehan kang padha mabur  pating sliwer, esem  sarta guyub rukune warga masarakat kang tansah njunjung dhuwur tekad  manunggaling  kawula kelawan Gusti, mratandhani kaanan desa ingkang gemah ripah loh jinawi lan warganipun ingkang tata titi tentrem karta raharja.

Desa Ngawis mujudaken salah setunggaling desa ingkang  nurut tata administrasi pamarentahan mlebet wonten ing wewengkon Kecamatan Karangmojo, Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Ngayogyakarta Hadiningrat.

Desa Ngawis terus mbudidaya supados majeng ing sawenehing bab ingkang tundhanipun nggayuh menapa ingkang dados tujuan pembangunan nasional,  masarakat ingkang adil  lan makmur  utawi bagya mulya.

Bagya mulya nggadhahi pangertosan ingkang wiyar,  sedaya lampah manungsa ingkang tundhanipun nggayuh gesang ingkang langkung sae. Bagya mulya saged ugi pun wastani kawontenan ingkang aman, makmur lan sentosa, slamet saking sedaya rubeda.

Masarakat Ngawis  kang kedadosan saking mawerni werni panggesangan, sae Punika agami, budaya, keturunan, pawiyatan lan sanes sanesipun saged lumampah kanthi sae, serasi lan seimbang jumbuh kaliyan potensi lan kekiyatanipun, wonten ing tekad Ngawis Gumbregah, Nyawiji, Greget, Sengguh tan Kena Mingkuh.

 

BUMI  NGAWIS

Papaning Desa Ngawis

Desa Ngawis  kanthi geografis mapan ing titik koordinat 7°55'28" Lintang Selatan  110°39'53" Bujur Timur[1],  kanthi wiyar tlatah 835 ha, kapantha dados 12 Padhukuhan, inggih Punika :

1.     Padhukuhan Ngawis I

2.     Padhukuhan Ngawis II

3.     Padhukuhan Gondang

4.     Padhukuhan Karanganom I

5.     Padhukuhan Karanganom II

6.     Padhukuhan Melikan

7.     Padhukuhan Ngelo I

8.     Padhukuhan  Ngelo II

9.     Padhukuhan Ganang

10. Padhukuhan Branjang

11. Padhukuhan Rejosari

12. Padhukuhan Munggur

Desa Ngawis mapan wonten ing satengahing kutha Kecamatan Karangmojo ing Kabupaten Gunungkidul. Dene papan niku wau saking  punjering pamarentahan :

1)    Saking punjering Pamarentahan Kecamatan   : 3  Km

2)    Saking Punjering Pamarentahan  Kabupaten   : 11  Km

3)    Saking Punjering Pamarentahan Propinsi         :  49  Km

4)    Saking Punjering Pamarentahan Pusat              :  636  Km

Horizontal Scroll: “Aja rumangsa bisa,nanging dadiya kang bisa rumangsa”

 

 

 

 

Wates Desa Ngawis

Desa Ngawis ing iring ler tapel wates kaliyan  Kecamatan Nglipar, Iring wetan tapel wates kaliyan Desa Jatiayu lan Desa Gedangrejo, iring kidul tapel wates kaliyan Desa Ngipak lan Desa Kelor saha iring kilen tapel wates kaliyan Desa Bejiharjo lan Desa Wiladeg.

Wonten ing sawatawis papan, batas  Desa Ngawis kaliyan desa sanesipun Punika wonten ingkang mboten wonten tengeripun. Ing Padhukuhan Ngawis I lan Ngawis II  wonten salah setunggaling griya warga ingkang iring wetan lumebet wonten tlatah Desa Ngawis, ingkang griya ireng kilen lumebet wonten tlatah Desa Ngipak.

Semanten ugi tugu ingkang mapan wonten protigan Ngawis punika mapan wonten ing tlatah Desa Ngipak, anamung menawi kawentaripun protigan punika kawastanan protigan Desa Ngawis

 

 

 

 

 

 

 

 

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung